Jarasandha

Jarasandha
Lukisan India kang nggambaraké adegan minangka Jarasandha dipateni Bima.
Lukisan India kang nggambaraké adegan minangka Jarasandha dipateni Bima.
Déwanagari: जरासंध
Éjaan Sanskerta: Jarasandha
Asal: Kraton Giribajra
Senjata: Gada

Prabu Jarasandha iku sawijining ratu setengah buta kang uga ingaran Narendra Slèwah putrané Prabu Wrehatrata ing Giribajra karo garwané loro Dèwi Kahita lan Kawita. Kalebu paraga wayang kang anèh, nalika lairé ora gatra titah wutuh, nanging wujud sigaran bayi loro kang saterusé bisa lestari urip bareng sigaran-sigaran iku bisa manunggal.

Diwasané ratu setengah buta iki kondhang kadidéné ratu kang sekti mandraguna, duwé kaprawiran linuwih. Aji-ajiné aran aji barabinelah kang katiyasané bisa tansah luput ing pati sauger anggané kang slèwah iku isih tetep dadi siji.

Prabu Jarasandha darbé kadang raja telukan kang kembar kemanikan aran Prabu Hamsa lan Dimbaka kang uga sekti. Amarga, saben kang siji mati terus dilumpati kadang kembaré, mesthi banjur bisa urip manèh. Dheweke duwe adhine jenenge Putri Sasireka utawa Sasirekha.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search